Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 13:15 - Kitab Sutji

15 Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 13:15
7 Iomraidhean Croise  

Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane, wohing kekuatane kang kawitan.


Kacarita bareng tengah wengi Pangeran Yehuwah mateni saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembajenge Sang Pringon kang calon nglenggahi keprabon, nganti tekan pembarepe wong tahanan kang ana ing pakunjaran, dalah sakehe pembarepe kewan.


Ewasamono Ingsun mirsa, yen raja ing Mesir bakal ora nglilane sira lunga, kajaba manawa dipeksa sarana asta kang rosa.


Nanging anake kuldi kang pambarep iku katebusa sarana cempe; saupama ora sira tebus, kaputunga cengele. Saben anakira pambarep kang lanang iku kudu sira tebus. Saben wong kang seba marang ing ngarsaningSun ora kena tanpa nggawa apa-apa.


kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”


Sadhengah kang lair dhisik saka wetenganing angger daging, kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, dadia arupa manungsa utawa kewan, iku dadia pandumanira. Nanging pambarepe manungsa iku sira tebusa; mangkono uga pambarepe kewan kang karam iya katebusa.


Minangka panebuse para pambarepe wong Israel kang rong atus pitung puluh telu, kang cacahe ngluwihi wong bani Lewi iku,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan