PANGENTASAN 13:14 - Kitab Sutji14 Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa. Faic an caibideil |
Sayektosipun anggen kula ngantos sami nglampahi makaten punika, namung kabekta saking sumelanging bab setunggaling prekawis. Kula sami manah: Bokmanawi putra wayah panjenengan ing tembe badhe sami gadhah wicanten dhateng anak putu kula mekaten: Kowe padha melu-melu apa karo Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel?
Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.