Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 13:12 - Kitab Sutji

12 nuli kowe nyaosna marang Pangeran Yehuwah sadhengah kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, dalah sakehe pambarepe kewanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 13:12
17 Iomraidhean Croise  

Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.


Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


“Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”


“Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.


Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.


Sadhengah kang lair dhisik dhewe, iku dadi kagunganingSun, uga sakehe kewanira kang lanang, pambarepe sapi utawa wedhus.


Nanging anake kuldi kang pambarep iku katebusa sarana cempe; saupama ora sira tebus, kaputunga cengele. Saben anakira pambarep kang lanang iku kudu sira tebus. Saben wong kang seba marang ing ngarsaningSun ora kena tanpa nggawa apa-apa.


Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup,


Sabanjure apa kang becik dhewe tumrap pembarepe apa bae lan sakehe sesaosan mligi apa bae, sakehe sesaosanira kang kusus iku dadi pandumane para imam; uga glepungira gandum kang becik dhewe iku kudu sira wenehake marang imam, supaya anakira oleha berkah.


Anadene mungguh pambarepe raja-kaya kang pancen wus dadi hake Yehuwah saka ing antarane kewan-kewan, iku ora kena disengker dening sapa bae; dadia sapi, dadia wedhus gembel utawa wedhus berok iku pada kagungane Yehuwah.


Sadhengah kang lair dhisik saka wetenganing angger daging, kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, dadia arupa manungsa utawa kewan, iku dadia pandumanira. Nanging pambarepe manungsa iku sira tebusa; mangkono uga pambarepe kewan kang karam iya katebusa.


“Lah Ingsun kang mundhut wong Lewi saka ing satengahe wong Israel, kagawe gantine sakehe anake pambarep, kang lair saka ing guwagarba; wong Lewi iku padha dadia kagunganingSun,


awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”


Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.


kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangeran: “Sakabehing anak lanang pambarep kudu kasucekake kagem Gusti Allah,”


“Sadhengah pembarep lanang kang lair ana ing antarane sapimu lan wedhusmu, iku kasengkera kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; pembarepe sapimu aja kokanggo magawe, lan pembarepe wedhusmu aja kokbathili.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan