PANGENTASAN 13:10 - Kitab Sutji10 Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun. Faic an caibideil |
Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.
Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.