Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:8 - Kitab Sutji

8 Daginge kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangane karo roti tanpa ragi lan jangan pait.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:8
20 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono wong-wong banjur padha manggang wedhuse gembel Paskah ana ing geni, nocogi pranatane, dene pisungsung-pisungsung suci padha kaolah ana ing kwali, ing kenceng utawa ing wajan; iku banjur enggal-enggal kaedumake marang golonganing wong lumrah kabeh.


anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.


uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.


Ora kena dipangan mentahan utawa godhogan; mesthi panggangan tekan endhase, sikile dalah jeroane pisan.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Sajroning pitung dina mau kang dipangan ngemungna roti tanpa ragi, lan sadhengah apa kang mawa ragi utawa kang arupa ragi, ing satlatahmu kabeh aja nganti ana wong kang kanggonan.


Anggonira nyaosake getihing kurban sembelehan kang sumaos marang Ingsun, iku aja nganti kaworan sadhengah kang mawa ragi, karomaneh gajihing kurban riyaya kang sumaos marang Ingsun aja nganti nginep nganti esuke.


Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.


Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane.


Apadene ngobonga kurban pamuji kalawan roti kang mawa ragi, lan ngundhangna kurban-kurban manasuka; wartakna iku! Awit kang mangkono iku rak wus dadi kasenenganira, ta, he wong Israel?”, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.


Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.”


Ragi sathithik wus bisa rumasuk ing jladren kabeh.


Tumuli olahen lan panganen ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Sawuse mangkono, esuke banjur balia menyang tarubmu.


Lan kowe wis padha dadi panganutku kabeh sarta panganute Gusti; sajrone nandhang sangsara kang abot anggonmu padha nampani pangandika kalawan kabungahan kang saka ing Sang Roh Suci,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan