Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:7 - Kitab Sutji

7 Getihe salong kajupuka kausarna ing dhempele lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwure, ing saben omah kang dianggo mangan cempe iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:7
12 Iomraidhean Croise  

Lawang kang anjog ing kamar pungkuran iku kang digawe kayu jaitun; dhempel, pipi lan sirahing lawang, wangune maju lima.


Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.


sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”


Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,


padha tulisana ana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuraning kuthamu;


Sabab srana kurban siji bae Panjenengane wus damel sampurnane para kang kasucekake ing salawas-lawase.


Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.


Marga saka pracaya panjenengane mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya anak-anak pambarep aja nganti kagepok dening kang nenumpes.


Sarta manut angger-anggering Toret meh samubarang kabeh karesikake srana getih sarta ora ana pangapura manawa tanpa wutahing getih.


yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Gusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan