Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:6 - Kitab Sutji

6 Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:6
34 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Prabu Yosia ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem. Wedhuse gembel Paskah disembeleh ing tanggal patbelas ing sasi kapisan.


Lan ing tanggal patbelas sasi kapisan wong kang padha bali saka pamboyongan padha ngriyayakake Paskah.


Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdene iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasake golonganira saka ing tanah Mesir. Mulane dina iku mau kudu sira riyayakake turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawase.


Ing sasi kapisan tanggale ping patbelas wayah sore, sira mangana roti tanpa ragi, nganti tumeka tanggal selikur wayah sore.


Sapasamuwane Israel kabeh kudu ngriyayake.


Sawuse padha budhalan saka ing Elim, sagolongane wong Israel kabeh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarane Elim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkate saka ing tanah Mesir.


“Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel; padha tuturana mangkene: Ing wayah sore sira bakal padha mangan daging lan ing wayah esuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.”


Bareng sasi katelune saangkate wong Israel saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunane gunung Sinai tanggale padha karo nalika budhale.


Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore.


Cempe sijine kaolaha ing wayah sore; padha kaya kurban dhaharan lan kurban unjukan ing wayah esuk, iku kaolaha minangka pisungsung kang arum, kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah,


Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.


Ing sasi kapisan, tanggal patbelas sasi iku sira padha mahargyaa riyaya Paskah lan ing sajrone pitung dina sira padha mangana roti tanpa ragi.


Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.


“Ing sasi kapisan tanggal patbelas iku Paskahe Pangeran Yehuwah,


Ing dinane kang kapisan sira nganakna pasamuwan suci, sarta sira aja nindakake pagawean kang abot;


Anggone netepi iku ing sasi kapindho tanggal patbelas, ing wayah sore; anggone mangan Paskah iku kanthia roti tanpa ragi lan jangan pait.


Nanging marga saka pangojok-ojoke para pangareping imam lan para pinituwa, wong akeh padha nekad nyuwun supaya Barabas diluwari lan Gusti Yesus disedani.


Nanging wong kabeh padha matur: “Rahipun dhumawaha ing kawula dalah saanak-anak kawula.”


Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


Nanging para pangarepe imam mau padha ngojok-ojoki wong akeh supaya nyuwun luware Barabas.


Nalika Gusti Yesus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.


Nalika samana banjur ana wong akeh kang padha teka lan nyuwun, supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.


Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


Nanging wong kabeh mau tumuli padha nguwuh-uwuh bebarengan: “Kasirnakna Tiyang punika! Barabas kaluwarana!”


Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.


Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha leres, sarta ngarsakaken tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan.


Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi


Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan