Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
Dadia kanggo wong Israel asli utawa kanggo bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, mung ana angger-angger siji kang kanggo wong-wong mau, tumrap anane wong kang nglakoni kaluputan tanpa kajarag.
Kutha nem iku padha dadia pangungsen tumrap wong Israel lan kanggo wong bangsa liya sarta wong kang neneka ana ing tengahira, supaya saben wong kang mateni tanpa kajarag bisa ngungsi mrono.
Karodene manawa ana bangsa liya kang manggon ing satengahira, arep melu ngriyayakake Paskah konjuk marang Pangeran Yehuwah, anggone netepi iku mituruta katetepan lan pranatan Paskah. Ana katetepan siji kang kanggo marang sira, iya marang wong bangsa liya lan wong bumi.”
Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.
ing kono wus ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa won Skit, batur tukon utawa mardika, nanging Gusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ing samubarang kabeh.