PANGENTASAN 12:48 - Kitab Sutji48 Nanging manawa ana bangsa liya kang tetep pamanggone ana ing tengahira lan sumedya ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, iku saben wong lanang kang ana ing omahe kudu ditetaki dhisik, sawuse lagi kena melu ngriyayakake, wong iku bakal dianggep wong asli, nanging wong ikutan ora kena melu mangan. Faic an caibideil |
amarga saka wong, turune Israel utawa wong manca kang manggon ing satengahing Israel, kang nyingkur marang Ingsun lan mundhi-mundhi para brahalane ana ing sajroning atine sarta mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe, kang marakake tumiba ing duraka, mangka banjur nemoni nabi tuwin njaluk tulung supaya nyuwunake pituduh marang Ingsun, Ingsun Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan.
Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel.