Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji.
Manawa ana wong kang ora najis, lan pinuju ora lelungan, mangka ngedhagake Paskah, iku katumpesa saka ing antarane bangsane, marga ora ngunjukake sesaosan marang Sang Yehuwah ing wektu kang wus katemtokake, wong iku nanggunga pikolehing dosane.
Karodene manawa ana bangsa liya kang manggon ing satengahira, arep melu ngriyayakake Paskah konjuk marang Pangeran Yehuwah, anggone netepi iku mituruta katetepan lan pranatan Paskah. Ana katetepan siji kang kanggo marang sira, iya marang wong bangsa liya lan wong bumi.”