Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:43 - Kitab Sutji

43 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Iki pranatan Paskah. Wong bangsa liya ora kena melu mangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:43
9 Iomraidhean Croise  

Amarga rakyat – kang akeh saka Efraim, Manasye, Isakhar lan Zebulon – akeh banget kang ora nucekake awake. Ewadene padha mangan Paskah, sanadyan ora cocog karo apa kang katulis. Nanging Sang Prabu Hizkia ndongakake wong-wong mau, unjuke: “Pangeran Yehuwah, ingkang asih-darma, mugi karsaa paring pangapunten dhateng


Patrape mangan iku mangkene: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahe Pangeran Yehuwah.


Nanging manawa ana bangsa liya kang tetep pamanggone ana ing tengahira lan sumedya ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, iku saben wong lanang kang ana ing omahe kudu ditetaki dhisik, sawuse lagi kena melu ngriyayakake, wong iku bakal dianggep wong asli, nanging wong ikutan ora kena melu mangan.


yaiku anggonira nglilani wong-wong manca, wong-wong kang ora tetak mungguh ing ati lan badane, lumebu ing pasuceningSun lan marga saka mangkono padha najisake pasucen iku nalika sira padha ngunjukake dhaharaningSun, yaiku gajih lan getih. Marga saka panggawenira kang mangkono iku sira padha ngrusak prajanjianingSun ngluwihi sakehing pratingkahira kang nistha kang uwis-uwis.


Umum aja mangan pisungsung sengkeran, mangkono uga wong neneka kang mondhok ana ing panggonane imam lan wong buruh.


Nanging manawa anake wadon iku wus randha utawa pegat lan ora duwe anak sarta wus mulih menyang ing omahe bapakne kaya nalika isih prawan, iku kalilan melu mangan pangane bapakne; balik wong umum aja ana kang melu mangan iku.


Karodene manawa ana bangsa liya kang manggon ing satengahira, arep melu ngriyayakake Paskah konjuk marang Pangeran Yehuwah, anggone netepi iku mituruta katetepan lan pranatan Paskah. Ana katetepan siji kang kanggo marang sira, iya marang wong bangsa liya lan wong bumi.”


manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.


Ana sawijining abdine Gusti Allah kang marani Imam Eli lan ngemban pangandika mangkene: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ingsun rak wus ngatingal marang para leluhurira kalawan nyata-nyata, nalika isih padha ana ing tanah Mesir lan kaereh dening darahe Pringon?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan