Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:42 - Kitab Sutji

42 Bengi iku bengi lek-lekan kagem Pangeran Yehuwah, marga padha dientasake saka ing tanah Mesir; iya bengi lek-lekan kanggo sakehe wong Israel turun-tumurun kagem kamulyaning Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:42
6 Iomraidhean Croise  

Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane.


Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan