Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:41 - Kitab Sutji

41 Sawuse patang atus telung puluh taun, mbeneri dina iku, kelakon sakehe wadya-balane Pangeran Yehuwah padha budhal saka ing tanah Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:41
29 Iomraidhean Croise  

Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesti bakal ngreksa kowe, lan kowe bakal padha diangkatake saka ing tanah kene menyang tanah kang wus diprasetyakake kalawan sumpah marang Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.”


Kacarita taun kang kaping patang atus wolung puluh sawuse wong Israel metu saka ing tanah Mesir, ing taun kang kaping pat sawuse Sang Prabu Suleman jumeneng ratu ing Israel, ing sasi Ziw, yaiku sasi kang kapindho, Sang Prabu Suleman wiwit yasa padaleman kagem Sang Yehuwah.


Pangeran Yehuwah banjur ngawonake para wong Etiopia iku ana ing ngarsane Sang Prabu Asa lan ing ngarepe Yehuda. Wong Etiopia padha keplayu,


Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun, sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.


Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir, nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,


Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane.


Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdene iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasake golonganira saka ing tanah Mesir. Mulane dina iku mau kudu sira riyayakake turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawase.


Lan trep ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir miturut sagolongan-golongane.


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.”


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Iya iku kang padha munjuk marang Sang Prabu Pringon raja ing Mesir, bab ngirid wong Israel metu saka ing tanah Mesir. Iya Nabi Musa lan Rama Harun iku.


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Manawa Pringon ora ngrungokake marang sira, ing kono Ingsun bakal ndhawahake astaningSun marang tanah Mesir sarta ngirid wadya-balaningSun, iya umatingSun Israel metu saka tanah Mesir, kalawan paukuman-paukuman kang abot.


Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.


supaya turunira padha sumurup, yen wong Israel iku padha Sunpanggonake ana ing tarub-tarub, nalika wus padha Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”


Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.


Gusti Allah ingkang ngentasaken saking ing tanah Mesir, punika tumrap tiyang-tiyang wau kadosdene singat kakiyataning bantheng.


Iki pratelane panggonan-panggonan kang diliwati wong Israel sawuse budhal saka ing tanah Mesir, sagolongan-sagolongan kairid dening Nabi Musa lan Imam Harun.


Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu.”


Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose.


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


“Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.


Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir srana kakiyatan kang linuwih;


Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.


Wangsulane: “Dudu, Ingsun iki Senapatining wadya-balane Pangeran Yehuwah, lagi rawuh saiki.” Sang Yusak tumuli sujud, wedanane konjem ing bumi, nyembah sarta munjuk: “Gusti kawula karsa ngandika punapa dhumateng ingkang abdi punika?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan