36 Dhasar Pangeran Yehuwah kang ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, temah padha nuruti sapanjaluke. Dadine wong Mesir prasasat dijarah-rayah.
Dene sakehing tangga teparone padha mbiyantu piranti selaka tuwin emas lan rajabrana sarta kewan, apadene kang peni-peni, iku kejaba apa kang kapisungsungake kalawan manasuka.
Kang iku sira ndhawuhana marang umat, supaya saben wong lanang njaluka marang tanggane barang dandanan mas lan selaka, mangkono uga saben wong wadon marang tanggane!”
Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, lan maneh Nabi Musa iku kajen banget ana ing tanah Mesir, ana ngarepe para abdine Sang Prabu Pringon lan para kawulane.
kambi memuji marang Gusti Allah, apadene padha disenengi ing wong sabangsa kabeh. Sarta maneh ing saben dinane cacahe diwuwuhi dening Gusti wong kang padha kapitulungan rahayu.
sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.