Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:32 - Kitab Sutji

32 Wedhus lan sapinira padha sira gawanana, kaya kang dadi aturira, gek endang padha lungaa lan ingsun suwunna berkah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:32
8 Iomraidhean Croise  

nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawuse mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbe akeh banget.


Esap bareng krungu pangandikane kang rama mau, banjur njerit seru banget, banget lara atine, sarta matur marang kang rama: “Dhuh rama, mugi maringi berkah dhateng kula ugi!”


Ature Esap marang kang rama: “Punapa rama namung kagungan berkah satunggal punika, dhuh rama? Bok kula inggih dipun paringi berkah inggih rama!” Esap tumuli nangis seru.


supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.


Dene raja-kaya inggih badhe kawula bekta ugi, tracak satunggal kemawon boten kenging kantun; awitdene inggih panunggilanipun punika ingkang badhe kawula damel saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, saderengipun kawula dumugi ing ngrika.”


Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”


Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan