PANGENTASAN 12:31 - Kitab Sutji31 Bengi iku uga Sang Prabu Pringon nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe: “Sira padha mangkata, metua saka antarane bangsaningsun, iya sira, iya wong Israel kabeh, wis padha lungaa, saosa pangabekti marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi panyuwunira. Faic an caibideil |
Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhe sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndherek panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhe kesah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon klawan duka banget.