PANGENTASAN 12:3 - Kitab Sutji3 Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji. Faic an caibideil |
Sang Prabu Yosia nyumbang marang golonganing wong lumrah arupa wedhus telung puluh ewu, yaiku wedhus gembel lan wedhus berok kang isih enom, kabeh minangka kurban Paskah kanggo sakehe wong kang ana ing kono. Kajaba iku Sang Nata uga nyumbang sapi telung ewu. Kabeh iku saka barang kagungane Sang Prabu.
Sesuk esuk padha majua miturut talerira dhewe-dhewe, anadene taler kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut gotrahe dhewe-dhewe, sarta gotrah kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut kulawargane dhewe-dhewe. Sabanjure kulawarga kang katuding dening Sang Yehuwah iku wonge padha majua ijen-ijen.