Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:29 - Kitab Sutji

29 Kacarita bareng tengah wengi Pangeran Yehuwah mateni saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembajenge Sang Pringon kang calon nglenggahi keprabon, nganti tekan pembarepe wong tahanan kang ana ing pakunjaran, dalah sakehe pembarepe kewan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:29
27 Iomraidhean Croise  

nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawuse mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbe akeh banget.


Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengi wong padha digawe geger lan banjur tumpes; wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.


Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane, wohing kekuatane kang kawitan.


Panjenengane kang mejahi para anak pembarep ing tanah Mesir, manungsa lan kewan,


Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane.


Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune, nyawane padha ora diluwari saka ing pati, nyawane padha diulungake marang pageblug;


sakehing anake pembarep wong Mesir padha dipateni, wohing kakuwatane kang kawitan ana ing tarub-tarube Kham;


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ndhatengake wewelak sapisan engkas marang Pringon lan marang tanah Mesir, sawuse mangkono mesthi bakal nglilani sira lunga saka ing kene. Dene samangsa wus nglilani lunganira, sira malah padha dipeksa-peksa metu saka ing nagara kene.


Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah.


Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.


Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.


kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”


Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.


Iku bakal padha kaklumpukake bebarengan, kayadene tahanan kang kalebokake ing luweng; bakal padha kalebokake ing pakunjaran lan bakal padha kaukum sawuse antara lawas.


Lah sakehe wong kang nepsu marang sira bakal kawirangan lan nandhang kanisthan; para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora ana tuwin bakal padha nemu karusakan;


Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran; ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna, sarta ora bakal kekurangan pangan.


Wong-wong mau banjur narik taline lan ngentasake Nabi Yeremia saka ing sumur. Mangkono dadine Nabi Yeremia manggon tetep ana ing plataraning pajagan.


Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan; anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat, mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles ana ing endhutan kono.


Pageblug lumaku ana ing ngarsane, sarta lelara panas ndherekake tindake.


Tumrap sira, marga saka rahing prasetyaningSun kalawan sira, Ingsun bakal ngentasake wongira kang ana ing tahanan saka luwangan kang ora ana banyune.


awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”


nalika samana wong Mesir lagi mbeneri padha ngubur sakehe pembarep kang padha dipateni dening Pangeran Yehuwah ana ing satengahe, marga Sang Yehuwah matrapi paukuman marang para allahe.


Awit sadhengah pambarepe wong Israel iku kagunganingSun, dadia manungsa utawa kewan. AnggoningSun nyengker iku kabeh dadi kagunganingSun iku nalikane Ingsun mateni sakehe para pambarep ana ing tanah Mesir.


Marga saka pracaya panjenengane mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya anak-anak pambarep aja nganti kagepok dening kang nenumpes.


sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan