Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:27 - Kitab Sutji

27 tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:27
18 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong sapasamuwan kabeh iku: “Padha memujia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira!” Wong sapasamuwan kabeh nuli padha memuji marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, tumuli padha jengkeng sujud marang Pangeran Yehuwah tuwin marang Sang Nata.


Sang Prabu Yosafat banjur jengkeng, wedanane konjem ing lemah. Wong Yehuda kabeh lan para wong kang manggon ing Yerusalem uga padha sujud ana ing ngarsaning Yehuwah sarta padha nyembah marang Panjenengane.


Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe padha dhawuh marang para wong Lewi supaya padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah nganggo tembung-tembung anggitane Sang Prabu Dawud lan Asaf, wong sidik. Wong mau nuli ngrepekake kidung pepujian kalawan bungah lan banjur jengkeng sujud.


Imam Ezra banjur mbikak kitab mau, kadeleng dening wong saumat kabeh, amarga anggone jumeneng ngungkuli wong kabeh. Bareng karo pembukake kitab mau wong sapasamuwan padha ngadeg kabeh.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.


Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub, lan angger-anggering Toret marang Banisrael; para leluhur kita padha kadhawuhan ngluntakake iku marang para anak putune,


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Patrape mangan iku mangkene: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahe Pangeran Yehuwah.


Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.


Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Karomaneh ing dina iku kowe nerangna marang anakmu lanang: Pangibadah iki kanggo pangeling-eling marang apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku nalika aku metu saka ing tanah Mesir.


Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.


Nabi Musa enggal-enggal sumungkem konjem ing bumi sarta sujud,


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.


Ing kono kowe nyembeleha wedhus lan sapi kanggo kurban Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah kagem padalemaning asmane.


Kowe ora klilan nyaosake kurban Paskah ana ing salah sijine panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan