Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:26 - Kitab Sutji

26 Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:26
16 Iomraidhean Croise  

Saben turun badhe ngalembana pakaryan Paduka, saha sami badhe nyariyosaken kasantosan Paduka.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Besuk samangsa kowe wus padha lumebu ing tanah kang bakal kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang kowe, kaya kang wus dadi prasetyane, tatanan pangibadah iki tetepana!


Tugune mega ing wayah awan lan tugune geni ing wayah bengi ora tau gumingsir saka ing ngarepe bangsa iku.


Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, kados kawula ing dinten punika; bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Paduka dhateng anak-anakipun.


Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.


Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;


Elinga marang jaman kuna, gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur, tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe, lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.


Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,


lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan