Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:22 - Kitab Sutji

22 Nuli padha njupuka isop sabentel, celupna ing getih kang ana ing bokor, lan getih mau oser-oserna ing dhempele lawang kiwa-tengen lan ing ndhuwur; karodene sadhengah wong panunggalanmu ora kena metu saka lawang nganti tumeka wayah esuk.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:22
13 Iomraidhean Croise  

Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.


Getihe salong kajupuka kausarna ing dhempele lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwure, ing saben omah kang dianggo mangan cempe iku.


He bangsaku, lumebua ing kamarmu, sawuse lumebu lawange kancingen ndhelika sadhela tumeka sapungkure bebendu.


Nuli sawijining wong kang ora najis njupuka hisop, kacelupna ing banyu iku mau, banjur dikepyurna marang ing dhuwure tarub lan sapirantine kabeh lan wong-wong kang ana ing kono; mangkono uga marang wong kang nggepok balung utawa wong kang dipateni, kang nggepok jisim apa kuburan iku mau.


Sawise padha ngrepekake kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang ing gunung Zaitun.


Marga saka pracaya panjenengane mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya anak-anak pambarep aja nganti kagepok dening kang nenumpes.


sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.


Anadene mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancen ana pranatan-pranatane ing bab pangibadah sarta ing bab pasucen gaweaning manungsa.


mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?


Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,


Sok sintena ingkang medal saking korining dalem panjenengan, kedah nanggel akibatipun piyambak; manawi kawutahaken rahipun, kula boten sami badhe kalepatan, nanging sok sintena ingkang wonten ing dalem panjenengan punika, manawi wonten ingkang ngganggu damel, rahipun katempuhna dhateng kula.


yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Gusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan