Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:21 - Kitab Sutji

21 Nabi Musa tumuli nimbali sakehe tuwa-tuwane Israel sarta padha didhawuhi: “Padha lungaa, njupuka wedhus kanggo brayat-brayat reh-rehanmu, banjur padha nyembeleha cempening Paskah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:21
18 Iomraidhean Croise  

Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”


Sarehne para imam lan para wong Lewi iku padha sesuci barengan, mulane kabeh padha dadi suci. Banjur padha nyembeleh cempening Paskah kanggo sakehing wong kang padha bali saka ing pambuwangan lan kanggo sadulur-sadulure, yaiku para imam, sarta kanggo awake dhewe.


Patrape mangan iku mangkene: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahe Pangeran Yehuwah.


Apa bae kang mawa ragi aja sira pangan; ana ing ngendi bae dunungira sira mangana roti tanpa ragi.”


Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira lumakua ana ing ngarepe umat kairinga dening para tuwa-tuwane Israel sawatara, dene teken kang wus tau sira gawe nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata!


Sawangsule Nabi Musa tumuli nimbali para tuwa-tuwaning bangsa mau, padha diparingi sumurup bab sakehe pangandika kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.


lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.


Marga saka pracaya panjenengane mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya anak-anak pambarep aja nganti kagepok dening kang nenumpes.


Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan