Sajroning pitung dina lawase ora kena ana ragi ing omahira, sing sapa mangan sadhengah kang mawa ragi, wong iku kasirnakna saka ing pasamuwane Israel, dadia wong bangsa liya, dadia wong bumi.
Nabi Musa tumuli nimbali sakehe tuwa-tuwane Israel sarta padha didhawuhi: “Padha lungaa, njupuka wedhus kanggo brayat-brayat reh-rehanmu, banjur padha nyembeleha cempening Paskah.
Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.
Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”