Pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakehe ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhengah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahe Israel.
Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tanpa Ragi, para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ing ngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?”
Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.