Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:17 - Kitab Sutji

17 Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdene iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasake golonganira saka ing tanah Mesir. Mulane dina iku mau kudu sira riyayakake turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:17
12 Iomraidhean Croise  

Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Prakara iku padha tetepana, gawenen pranatan kanggo kowe dhewe lan kanggo anak-putumu ing salawase.


Sawuse patang atus telung puluh taun, mbeneri dina iku, kelakon sakehe wadya-balane Pangeran Yehuwah padha budhal saka ing tanah Mesir.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Karomaneh ing dina iku kowe nerangna marang anakmu lanang: Pangibadah iki kanggo pangeling-eling marang apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku nalika aku metu saka ing tanah Mesir.


Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.


Iya iku kang padha munjuk marang Sang Prabu Pringon raja ing Mesir, bab ngirid wong Israel metu saka ing tanah Mesir. Iya Nabi Musa lan Rama Harun iku.


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”


Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.


Aja padha mangan sadhengah apa kang mawa ragi; pitung dina anggonmu kudu mangan roti tanpa ragi, yaiku rotining kasangsaran, marga kalawan kesusu anggonmu budhal saka ing tanah Mesir. Iku supaya sajegmu urip kowe elinga ing dina budhalmu saka ing tanah Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan