Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:15 - Kitab Sutji

15 Pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakehe ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhengah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahe Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:15
28 Iomraidhean Croise  

Anadene wong lanang kang ora ditetaki, yaiku kang ora katetakan ikute, wong kaya mangkono iku katumpesa saka ing antarane wong-wong golonganing bangsane; iku ngrusak prsetyaningSun.”


Pitung dina lawase wong Israel kang ana ing Yerusalem anggone padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi kalawan kabungahan kang gedhe, dene para wong Lewi lan para imam saben dina padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah kalawan ngetog kakuwatan.


Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.


Daginge kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangane karo roti tanpa ragi lan jangan pait.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.


Sapa kang gawe lenga adon-adone padha kaya iku, lan ngusapake ing awake wong lumrah, iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”


Wong kang gawe lenga kang kaya mangkono dianggo ambon-ambon, iku kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.”


Kang iku sira padha netepana dina Sabat, awit iku dina suci tumrap sira; sing sapa nyawiyah kasucene dina Sabat, iku kaukuma pati, awitdene sadhengah wong kang nyambut gawe ing dina iku, wong kaya mangkono mau katumpesa saka ing satengahe bangsane.


Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.


Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.


“Sadhengah wong turune Israel lan panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang mangan sadhengaha getih, iku bakal Sunlawan sarta Suntumpes saka ing satengahe bangsane.


sabab nyawane angger daging iku getihe, mulane wong Israel wus padha Sundhawuhi mangkene: Sira aja mangan getihe sadhengah daging, awitdene nyawane angger daging iku getihe; sing sapa mangan iku mesthi katumpes.


Pangeran Yehuwah muga nyirnakna wong kang nglakoni mangkono iku dalah sakehe turune saka ing tarub-tarube Yakub, sanajana padha nyaosi pisungsung marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


lan ing tanggale limalas sasi iku dina riyaya; pitung dina lawase wong padha mangana roti tanpa ragi.


Manawa ana wong kang ora najis, lan pinuju ora lelungan, mangka ngedhagake Paskah, iku katumpesa saka ing antarane bangsane, marga ora ngunjukake sesaosan marang Sang Yehuwah ing wektu kang wus katemtokake, wong iku nanggunga pikolehing dosane.


Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.


Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.


Salebare pahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yesus kantun ana ing Yerusalem, rama-ibune ora sumurup.


Bareng mirsa, yen bab iku ndadekake senenge atine wong Yahudi, banjur nglajengake tindake kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Rasul Petrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi.


Becike wong-wong kang padha nggegerake kowe iku padha ngebiria awake pisan bae!


Aja padha mangan sadhengah apa kang mawa ragi; pitung dina anggonmu kudu mangan roti tanpa ragi, yaiku rotining kasangsaran, marga kalawan kesusu anggonmu budhal saka ing tanah Mesir. Iku supaya sajegmu urip kowe elinga ing dina budhalmu saka ing tanah Mesir.


Kowe ora klilan nyaosake kurban Paskah ana ing salah sijine panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


Nem dina lawase kowe mangana roti tanpa ragi lan ing dina kaping pitune nganakna pakumpulan gedhe kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha nyambut gawe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan