Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:14 - Kitab Sutji

14 Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:14
29 Iomraidhean Croise  

Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”


Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.


Dhuh Yehuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun. Dhuh Yehuwah, Paduka dipun enget-enget turun-tumurun.


Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdene iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasake golonganira saka ing tanah Mesir. Mulane dina iku mau kudu sira riyayakake turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawase.


Prakara iku padha tetepana, gawenen pranatan kanggo kowe dhewe lan kanggo anak-putumu ing salawase.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Iki pranatan Paskah. Wong bangsa liya ora kena melu mangan.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.


Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”


Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”


Kajaba iku saben esuk kudu ngunjukake kurban dhaharan glepung sapranem efa kalawan lenga sapratelon hin kanggo nyampuri glepung kang becik dhewe mau; iku kurban dhaharan kagem Sang Yehuwah, lan katetepan iki kanggo ing salawase!


Ing sasi iku tanggal ping limalas iku dadi riyayane roti tanpa ragi sumaos marang Sang Yehuwah; pitung dina lawase sira padha mangana roti tanpa ragi.


Anadene makutha iku bakal tetep kasimpen ana ing padalemane Sang Yehuwah, minangka pangeling-eling marang Heldai, Tobia, Yedaya lan marang Yosia anake Zefanya.


Kang padha ngunekake kalasangka iku para imam anake Harun; lan iku dadi pranatan langgeng marang turun-turunira.


Kanggo wong sapasamuwan ngamungna ana pranatan siji kanggo sira lan kanggo wong bangsa liya kang neneka, dadia pranatan langgeng kanggo sira kabeh nganti saturun-turunira.


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun mangkene: “Lah Ingsun wus maringi bubuhan marang sira rumeksa marang pisungsung-mligi kagem Ingsun; sakehe pisungsunge sengkeran wong Israel Sunparingake marang sira lan anak-anakira minangka pandumanira; iku katetepan kanggo ing salawase.


Sanyatane Aku pitutur marang kowe, ana ing ngendi bae Injil iki bakal diwartakake ing saindenging jagad, apa kang katindakake iku bakal tansah kapratelakake uga minangka dadi pangeling-eling marang dheweke.”


Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”


“Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.


Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.


Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,


Kowe nuli padha kandhaa: Menawa banyune bengawan Yarden kapedhot ana ing ngarepe pethi prasetyaning Yehuwah; nalika pethi iku nyabrang ing bengawan Yarden, banyune bengawan iku tumuli kapedhot. Mulane watu-watu iki padha dadia pangeling-eling marang wong Israel ing salawase.”


Lan kaya mangkono tumindake ing dina iku lan sabanjure; bab iku dipacak dadi katetepan lan pranatan tumrap wong Israel nganti saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan