Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 12:12 - Kitab Sutji

12 Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 12:12
26 Iomraidhean Croise  

Wong Filisti padha ninggal allah-allahe ana ing kono, lan awit saka dhawuhe Sang Prabu Dawud iku padha kaobongan nganti tapis dening wong Israel.


Panjenengane kang mejahi para anak pembarep ing tanah Mesir, manungsa lan kewan,


Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:


Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. –


Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;


Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung, sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah.


Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.


Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”


nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.


“Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.


Ingsun wus ngatingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, dadi Allah kang Mahakuwasa, nanging asmaningSun Yehuwah durung Sunsumurupake.


Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Dheweke bakal ngurubake geni ana ing kabuyutane para allah ing Mesir lan bakal ngobong utawa ngangkuti iku dadi tawanan. Lan bakal ngresiki tuma-tuma ing tanah Mesir kayadene para pangon anggone metani sandhangane, nuli bakal lunga saka kono tanpa alangan.


Dheweke bakal ngrusak tugu-tuguning brahala Betsyemes kang ana ing Mesir lan bakal ngobongi kabuyutane para allahe Mesir iku.”


Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Lah, Ingsun ndhatengake paukuman marang dewa Amon saka Tebe, marang Pringon dalah tanah Mesir, para dewane lan para ratune, yaiku marang Pringon dalah para wong kang pracaya marang dheweke.


Nanging ana panunggalane kang bakal Sunkarekake sathithik, kang oncat saka ing pedhang, kang ora mati kaliren lan ora katempuh ing pageblug, supaya padha nyaritakake sakehe panggawene wong-wong mau kang nistha ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani, satemah padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Lan ing kebon-kebon anggur bakal ana pangadhuh, samangsa Ingsun lumampah ana ing tengahira,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Pangeran Yehuwah bakal nandukake kang nggegirisi, yaiku nyirnakake para allah ing salumahe bumi, temah saben bangsa ing dhaerah pasisir, bakal padha sujud marang Panjenengane, saka ing panggonane dhewe-dhewe.


nalika samana wong Mesir lagi mbeneri padha ngubur sakehe pembarep kang padha dipateni dening Pangeran Yehuwah ana ing satengahe, marga Sang Yehuwah matrapi paukuman marang para allahe.


Esuke wayah bangun wong ing Asdod padha tangi, lah Dhagon tinemu gumluntung mengkureb ana ing lemah, ing ngarepe pethine Sang Yehuwah; wong iku nuli padha njunjung Dhagon dibalekake ing panggonane.


Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan