Mulane, wong wadon iku balekna marang somahe, awitdene Abraham iku nabi, sarta bakal ndongakake sira, supaya sira bisa lestari urip; nanging manawa wong wadon mau ora sira balekake, wruhanira yen sira mesthi bakal mati, sira lan kabeh wongira.”
Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.
Kang iku sira ndhawuhana marang umat, supaya saben wong lanang njaluka marang tanggane barang dandanan mas lan selaka, mangkono uga saben wong wadon marang tanggane!”
banjur iya padha ngriyadinake Paskah ing sasi kapisan, tanggal kaping patbelas ing wayah sore ana ing pasamunan Sinai; wong Israel iya banjur padha tumindak ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan
Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.
Ana sawijining abdine Gusti Allah kang marani Imam Eli lan ngemban pangandika mangkene: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ingsun rak wus ngatingal marang para leluhurira kalawan nyata-nyata, nalika isih padha ana ing tanah Mesir lan kaereh dening darahe Pringon?