PANGENTASAN 11:8 - Kitab Sutji8 Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhe sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndherek panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhe kesah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon klawan duka banget. Faic an caibideil |
Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”
Ingsun bakal meksa para wong kang nindhes sira supaya padha mangan daginge dhewe, tuwin wong iku bakal padha mendem nalika padha ngombe getihe dhewe, kaya mendeme wong ngombe anggur anyar, iku supaya umat manungsa kabeh padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, iku Pamartanira, sarta Juru Panebusira, Kang Mahakwasa, Allahe Yakub.”