Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 11:7 - Kitab Sutji

7 Nanging marang wong Israel sapa bae, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kewan, supaya sira padha sumurupa yen Pangeran Yehuwah mbedakake wong Mesir lan wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 11:7
11 Iomraidhean Croise  

Marga saka mangkono wong cilik duwe pangarep-arep, sarta cangkeme kadursilan kabungkem.


Gusti Allah iku Hakim kang adil, tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.


Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.


Nanging para juru sihir ing Mesir iya nindakake mangkono sarana japa-mantrane, temahan galihe Sang Pringon tetep wangkot lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Mung ing tanah Gosyen, panggonane wong Israel, ora ana udan es.


Salajengipun Pangeran Yehuwah badhe mbedakaken kewan gadhahanipun tiyang Israel kaliyan kewanipun tiyang Mesir, temah kewanipun tiyang Israel boten wonten satunggal-tunggala ingkang pejah.”


Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.


Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?


wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan