Nanging marang wong Israel sapa bae, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kewan, supaya sira padha sumurupa yen Pangeran Yehuwah mbedakake wong Mesir lan wong Israel.
Ing bengi iku Sang Prabu Pringon banjur wungu, samono uga para abdine lan sakehe wong Mesir, sarta keprungu panjerite wong Mesir, sabab ora ana omah siji-sijia kang ora kepaten.
Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.
Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau.
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis, tangis kang ngeres-eresi. Rakhel nangisi anak-anake, lumuh linipur jalaran saka anak-anake, amarga wus padha ora ana maneh.
Ing dina iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi.
Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, samasa kowe bakal padha weruh Rama Abraham lan Rama Iskak sarta Rama Yakub apadene sakabehing nabi padha ana ing Kratoning Allah, mangka kowe dhewe padha kabuwang menyang ing jaba,