PANGENTASAN 11:5 - Kitab Sutji5 Nuli sakehe, anak pembarep ing tanah Mesir bakal padha mati, wiwit pembarepe Pringon kang bakal lungguh ing dhampare nganti tekan pembarepe batur wadon kang ngadhep watu panggilingan, uga sakehe pembarepe kewan. Faic an caibideil |
Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.