Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 11:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, lan maneh Nabi Musa iku kajen banget ana ing tanah Mesir, ana ngarepe para abdine Sang Prabu Pringon lan para kawulane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 11:3
14 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran.


Ingsun wus nunggil klawan sira ana ing sakehing panggonan kang sira liwati lan wus numpes sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun wus ngluhurake jenengira kaya jenenge wong agung kang ana ing bumi.


Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.


Padha diparengake oleh kawelasan saka ing sakehing wong kang padha nawan.


Wong Israel iya padha nurut marang dhawuhe Nabi Musa, padha njaluki barang dandanan mas lan selaka duweke wong Mesir apadene sandhangan.


Dhasar Pangeran Yehuwah kang ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, temah padha nuruti sapanjaluke. Dadine wong Mesir prasasat dijarah-rayah.


Lan wong Mesir bakal Sundadekake loma marang bangsa iki, satemah samangsa sira padha lunga, mesthi ora klawan legeh.


anak-anake para wong kang nindhes sira bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wong kang padha ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira; sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”, “Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”.


Nabi Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kalangkungan micara saha ing pandamel.


Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben-ajeng,


ing bab sakehe pratandha lan kaelokan, kang katindakake marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah ana ing tanah Mesir tumrap marang Sang Prabu Pringon lan marang sakehe para abdine sarta sawratane nagarane,


Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.


Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan