2 Kang iku sira ndhawuhana marang umat, supaya saben wong lanang njaluka marang tanggane barang dandanan mas lan selaka, mangkono uga saben wong wadon marang tanggane!”
abdi mau banjur ngetokake barang peni-peni salaka lan mas, apadene sandhangan endah, kabeh diwenehake marang Ribkah; karodene sadhereke lan ibune iya padha diaturi barang kang adi-adi.
Malah sawiji-wijining wong wadon njaluka barang dandanan selaka lan mas, apadene sandhangan marang wong wadon tanggane lan kang tunggal saomah, iku banjur sira anggokna anakira lanang lan wadon, mangkono anggonira bakal njarahi wong Mesir.”
Kula lajeng mangsuli makaten: Sapa kang duwe mas dicopota! Tiyang-tiyang wau lajeng ngladosaken masipun dhateng kula, lajeng kula lebetaken ing latu, ingkang muncul reca pedhet punika.”
Sakehe wong kang lila legawa atine, lanang wadon, padha teka nggawa anting-anting irung, anting-anting kuping, ali-ali cap lan kalung, sawernaning barang mas-masan; mangkono uga saben wong kang nyaosake pisungsung mas kagem Pangeran Yehuwah minangka pisungsung goyangan,
Karomaneh sakehe bangsa bakal padha Sunoregake, satemah sakehe raja-branane bakal digawa mrene, sarta Padaleman iku bakal Sunkebaki ing kamulyan. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.