PANGENTASAN 11:1 - Kitab Sutji1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ndhatengake wewelak sapisan engkas marang Pringon lan marang tanah Mesir, sawuse mangkono mesthi bakal nglilani sira lunga saka ing kene. Dene samangsa wus nglilani lunganira, sira malah padha dipeksa-peksa metu saka ing nagara kene. Faic an caibideil |
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?
Wong-wong mau nuli takon: “Tebusaning kalepatan, ingkang kedah kula caosaken punika punapa?” Wangsulane: “Sami kaliyan cacahipun ratu-kitha ing Filisti, wudun emas gangsal, tuwin tikus emas gangsal, awit ingkang tumempuh dhateng panjenengan sadaya saha para ratu-kitha panjenengan punika kacilakan ingkang sami.