PANGENTASAN 10:9 - Kitab Sutji9 Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.” Faic an caibideil |
Dene raja-kaya inggih badhe kawula bekta ugi, tracak satunggal kemawon boten kenging kantun; awitdene inggih panunggilanipun punika ingkang badhe kawula damel saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, saderengipun kawula dumugi ing ngrika.”
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.
Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”
Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”