Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:8 - Kitab Sutji

8 Nabi Musa lan Rama Harun banjur kasowanake maneh marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta padha dipangandikani: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira. Sapa bae satemene kang bakal padha lunga iku?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:8
6 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Pringon tumuli enggal-enggal nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Ingsun wus gawe dosa marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira lan marang sira.


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa sarta ngandika: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, mung wedhusira lan sapinira aja sira gawa, anak-anakira kang isih cilik-cilik klilan melu.”


Bengi iku uga Sang Prabu Pringon nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe: “Sira padha mangkata, metua saka antarane bangsaningsun, iya sira, iya wong Israel kabeh, wis padha lungaa, saosa pangabekti marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi panyuwunira.


Sang Prabu Pringon tumuli nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, pangandikane: “Padha lungaa, saosa kurban marang Allahmu ana ing tanah kene!”


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan