Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:7 - Kitab Sutji

7 Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:7
16 Iomraidhean Croise  

tanah subur didadekake bumi asin, kang mangkono iku awit saka pialane wong kang padha ngenggoni,


Anadene wong Mesir iya padha neseg kanthi adreng marang bangsa iku, supaya padha enggala lunga saka ing tanahe, awitdene pangucape: “Mengko kita kabeh mesthi padha mati!”


Bangsa-bangsa mau bakal ora tetep pamanggone ana ing nagaranira, supaya ora njalari sira padha gawe dosa marang Ingsun, yaiku sira padha ngabekti marang allahe; prakara mangkono iku mesthi dadi kala-jiret tumrap sira.”


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”


Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe, nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.


Sarta aku nemu bab kang ngluwihi paite pati: wong wadon kang dadi jaring, kang atine dadi jiret lan tangane dadi blenggu. Wong kang dadi keparenging Allah bakal oncat saka kang mangkono iku, nanging wong dosa mesthi kecandhak.


Kowe ora bakal ana ing kuburan bebarengan karo para raja, amarga kowe wus ngrusak nagaramu lan mateni rakyatmu. Anak-putune wong kang nindakake piala ora bakal kocap ing salawas-lawase.


Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah?


Moab wus digempur nganti lebur, pasambating wong keprungu nganti tekan Zoar.


Dumadakan Babil ambruk lan remuk; tangisana Babil iku! Jupukna lenga boreh kanggo nambani tatune, bokmanawa bisa waras!


Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.


Kabeh iki mau daktuturake kanggo kabutuhanmu dhewe, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging malah supaya kowe padha nglakonana samubarang kang bener lan becik sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan.


titenana temenan, yen Sang Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ora nundhungi para bangsa iku maneh saka ing ngarepmu, malah iku bakal padha dadi kala lan jiret tumrap ing kowe, tuwin dadi pecut tumrap ing lambungmu, apadene dadi klilip ana ing mripatmu, nganti kowe padha tumpes sirna saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki.


Awit Sang Prabu nggalih: “Prayoga Mikhal suntrimakake marang Dawud, supaya dadi kalajiret tumrap Dawud lan tangane wong Filisti kareben nglawan dheweke!” Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud kang kaping pindhone: “Ing dina iki sira sunpundhut mantu.”


Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan