Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:6 - Kitab Sutji

6 Malah bakal ngebaki omahira, omahe abdinira lan omahe wong Mesir kabeh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami dening para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti saprene.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:6
11 Iomraidhean Croise  

Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang bae kang saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.


Sarta ing satanah Mesir bakal ana udan tangis kang luwih dening ngeres-eresi, kang durung tau kelakon lan kang bakal ora kelakon maneh.


Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhe sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndherek panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhe kesah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon klawan duka banget.


dene manawa umatingSun ora sira lilani lunga, Ingsun bakal nekakake laler cathak padha ngebyuki sira, para abdinira, kawulanira sarta omah-omahira, nganti omahe wong Mesir kebak laler cathak, tekan lemahe kang dienciki.


Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahe para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrenira.


Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.


Udan es mau kaworan geni kang pating cleret ana ing satengahe udan es iku, nggegirisi banget, ing saindenge nagarane wong Mesir kabeh durung tau kelakon kang kaya mangkono iku, wiwit wong-wong mau padha dadi bangsa.


sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri.


Banjur nyerbu menyang ing jero kutha, ngunggahi baluwarti, padha menek lumebu ing omah-omah, lumebune metu ing cendhela kaya maling.


Marga saka pracaya mulane banjur nilar tanah Mesir, ora ajrih marang dukane Sang Prabu, awit tansah mantep mbetahake prasasat mirsani apa kang ora katon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan