Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun!
Walang mau bakal nutupi lumahe bumi nganti ora katon lemahe, sarta bakal mangani nganti entek sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anane udan es, dalasan sakehe wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabeh.
kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”
Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”
Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.
Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira