PANGENTASAN 10:3 - Kitab Sutji3 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun! Faic an caibideil |
sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, – makaten pangandikaning Sang Yehuwah, –
ing sarehne sira wus ngatonake panalangsanira lan ngesorake awakira ana ing ngarsaning Allah nalika sira krungu pangandikane tumrap panggonan iki lan tumrap para kang padha ngenggoni, ing sarehne sira ngesorake awakira ana ing ngarsaningSun, lan nyuwek-nyuwek panganggonira sarta nangis ana ing ngarsaningSun, Ingsun ya wus miyarsakake iku, – makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah –
Klumpukna sakehing bala kang asikep gandhewa, sakehing bala-panahan, supaya nglawan Babil! Ngadegna kemah-kemah pangepungan, supaya aja ana kang bisa oncat! Walesen satimbang karo panggawene, trapna marang wong-wong iku kang plek karo kang dilakoni dhewe. Amarga tumindak murang tata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.