Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:28 - Kitab Sutji

28 Sang Prabu Pringon banjur ngandika: “Wis mundura saka ing ngarsaningsun, dingati-ati, poma sira aja ngaton maneh ana ing ngarsaningsun, sabab samangsa sira ngaton, mesthi sira bakal mati.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:28
6 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Asa banjur gerah ing panggalih, marga saka ature wong sidik mau, wong iku nuli dilebokake ing pakunjaran, awit Sang Nata banget dukane marang wong mau jalaran saka anggone munjuk mangkono mau. Ing nalika samana Sang Prabu Asa uga nganiaya wong sawetara panunggalane rakyat.


Nalika nabi mau lagi matur, Sang Prabu Amazia ngandika: “Apa sira sundadekake juru pirembage Sang Nata? Menenga! Apa sira njaluk mati?” Nabi mau banjur kendel, nanging sawuse matur: “Kawula punika sumerep bilih Gusti Allah sampun mutus badhe nyirnakaken paduka, awit paduka sampun tumindak makaten, saha boten karsa midhangetaken dhateng rembag kawula.”


Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang bae kang saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.


lan sijine nama Eliezer, awit pangandikane: “Gusti Allahe bapakku iku kang mitulungi aku, aku diuwalake saka ing pedhange Sang Prabu Pringon.”


Nanging ana ing Betel kene kowe aja medhar wangsit maneh, awit kene iki pepundhene Sang Prabu, sarta pasucene nagara.”


Marga saka pracaya mulane banjur nilar tanah Mesir, ora ajrih marang dukane Sang Prabu, awit tansah mantep mbetahake prasasat mirsani apa kang ora katon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan