Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:26 - Kitab Sutji

26 Dene raja-kaya inggih badhe kawula bekta ugi, tracak satunggal kemawon boten kenging kantun; awitdene inggih panunggilanipun punika ingkang badhe kawula damel saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, saderengipun kawula dumugi ing ngrika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:26
12 Iomraidhean Croise  

Nanging ature Nabi Musa: “Malah kurban sembelehan lan kurban obaran punika leresipun panjenengan dalem ingkang kedah maringi kawula, supados kawula saged nyaosaken dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula.


Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”


Wedhus lan sapinira padha sira gawanana, kaya kang dadi aturira, gek endang padha lungaa lan ingsun suwunna berkah.”


Kawula kedah kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, kados anggenipun ndhawuhi kawula.”


Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;


Babathene lan opahing kanisthane bakal suci kagem Sang Yehuwah, ora bakal diendheg utawa disimpen, nanging bebathene iku bakal kanggo nganakake pangan kang cukup lan sandhangan kang endah kanggo para wong kang padha manggon ing ngarsaning Yehuwah.


Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kurban wedhus lan sapi, nanging ora bakal ketemu, Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.


Ing wektu iku dalah klinthingan jaran bakal ana tulisane kang muni: “Suci kagem Pangeran Yehuwah!” Sarta sakehe kuwali ing padalemane Sang Yehuwah dadi padha karo bokor-bokor panyiraman ing sangarepe misbyah.


Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosake awake dhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjure iya marang aku kabeh uga awit saka karsane Gusti Allah.


Marga saka pracaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang ing panggonan kang bakal ditampeni dadi pusakane, banjur bidhal mangka ora mirsa ing ngendi papan kang bakal kajujug.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan