Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:25 - Kitab Sutji

25 Nanging ature Nabi Musa: “Malah kurban sembelehan lan kurban obaran punika leresipun panjenengan dalem ingkang kedah maringi kawula, supados kawula saged nyaosaken dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:25
8 Iomraidhean Croise  

Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa sarta ngandika: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, mung wedhusira lan sapinira aja sira gawa, anak-anakira kang isih cilik-cilik klilan melu.”


Dene raja-kaya inggih badhe kawula bekta ugi, tracak satunggal kemawon boten kenging kantun; awitdene inggih panunggilanipun punika ingkang badhe kawula damel saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, saderengipun kawula dumugi ing ngrika.”


Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.


Wedhus kang katiban undhi kagem Sang Yehuwah nuli diajokna lan kagawea kurban pangruwating dosa.


Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan