PANGENTASAN 10:23 - Kitab Sutji23 Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane. Faic an caibideil |
Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.
Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjenengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.