sarta bakal ndeleng marang ing bumi, lah kang ana mung karupekan lan pepeteng, pamilaraning kaanan surem, lan bakal padha kabuwang marang ing pepeteng kang ndhedhet.
Samangsa Ingsun nyirnakake sira, langit bakal Suntutupi lan lintange padha Sunpetengi. Srengenge Suntutupi mendhung dene rembulan ora bakal nyorotake sunare.
Kabeh kang sumunar ana ing langit bakal Sundadekake peteng marga saka sira. Pepeteng Sundhatengake marang sira. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.
sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri.
Satemene Panjenengane kang yasa gunung-gunung lan nitahake angin, sarta nyumurupake marang manungsa apa kang digalih, kang yasa padhang lan peteng, sarta kang tindak ana ing sadhuwure tengger-tengger, iku Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi asmane.
“Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira, telung sasi sadurunge mangsa panen; sarta paring udan ana ing salah sijining kutha, lan kutha sijine ora Sunparingi udan, pategalan kang siji kodanan, tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.
Ing kono kowe banjur padha nyedhak sarta ngadeg ana ing ngisore sikile gunung, mangka gununge murub lan genine nganti sundhul ing langit ing sajroning peteng ndhedhet.
Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”
Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,