PANGENTASAN 10:21 - Kitab Sutji21 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana pepeteng kang nyrambahi tanah Mesir, nganti wong padha gagap-gagap ing sajroning peteng mau.” Faic an caibideil |
Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun mangkene: Tekenmu jupuken! Banjur ayatna marang sakehe banyu ing tanah Mesir, marang sadhengah kali, kalen-kalen, blumbang lan sadhengah panggonan banyu, supaya padha maliha dadi getih. Banjur bakal ana getih ing sawratane tanah Mesir, dalah ing sakehe wadhah kayu lan watu.”
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?