Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon, dene Ingsun wus mangkotake atine lan atine para abdine, supaya Ingsun nindakake pratandha-pratandha ana ing tengahe.
Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin saka keblat kang kosok-balen, yaiku angin kulon kang banter banget, iku nggawa mumbul walange kacemplungake ing sagara Teberau, nganti ora ana walang siji bae kang kari ana tlatahe tanah Mesir.
Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.
Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.
Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.