Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:2 - Kitab Sutji

2 Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:2
22 Iomraidhean Croise  

Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.


Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina.


Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales, sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.


dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.


Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi, lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita,


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”


Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.


Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”


Rama Harun banjur ngacungake astane marang sakehe banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir.


Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, kados kawula ing dinten punika; bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Paduka dhateng anak-anakipun.


Padha Suntogake dadi najis kalawan anggone sesaji, anggone padha ngurbanake sarana kaobong ing geni kabeh kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, supaya padha kadunungana pagiris tuwin padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.


Anak-anakmu padha critanana lelakon iku, nuli anak-anakmu genten konen nyritakake marang anak-anake, lan putumu iya nyritanana marang turune


Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.


Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan